Materi Ujian Sekolah Mapel Bahasa Jawa

Prepernahan keluarga wong jawa:
Pak Dhe kuwi kangmase bapak
Pak Lik kuwi rayine bapak
Bu dhe kuwi mbakyune bapak
Bu lik kuwi rayine bapak sing wadon
Keponakan kuwi putrane kangmas lan mbakyu

Tuladha tembang macapat dandhanggula

Lamun sira anggeguru kaki,
Amilih  amanungsa kang  nyata,
Ingkang  becik  martabate,
Sarta kang  wruh  ing  khukum,,
Kang  ngibadah lan  kang  wirangi,
Sokur oleh  wong  tapa
Ingkang  wus  amungkul,
Tan mikir  paweh  ing  liyan,
Iku pantes  sira guron ana kaki,
Sartane  kawruhana

Piwulang sakaTembang dandhanggula ing dhuwur  yaiku tumindak utawa pakarti kang kudhu dilakoni dening bocah.

Kawruh basa: martabat tegese tumindak

Tembang macapat mengku paugeran kayata: guru gatra, guru lagu lan guru wilangan.
Kang  diarani  guru gatra  yaiku cacahing larik saben sapada tembang, guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra, guru wilangan yaiku cacahing wanda saben sagatra

Ana ing sesrawungan menawa guneman kanggo awake dhewe becike tembung ngoko kanggo awake dhewe tembung krama kanggo wong liya

Menawa awake dhewe didhawuhi ngaturake apa wae marang wong liya apamaneh luwih sepuh anggone matur becike “ Nuwun sewu Pak/Bu, kula dipun utus ibu nyaosaken........menika”

Jenenge anak wong:
Pancuran kaapit sendang: anake cacahe 3 putri, kakung terus putri
Sendang kaapit pancuran: anake cacahe 3 kakung, putri, kakung

Tuladha paribasan:
Ana catur mungkur: ngedohi guneman sing ala
Becik ketitik ala ketara: ala lan becik bakat ketara tembe burine.
Criwis cawis: akeh omonge naging mrantasi gawe

Bab pewayangan:
Crita pewayangan dijupuk saka buku ramayana lan mahabharata
Buku ramayana nyritakake negara Alengka, Prabu Rama Wijaya lan Dewi Shinta
Buku Mahabharata nyritakake Negara Ngestina lan pandhawa.
Kang sinebut pandhawa yaiku: Yudhistira, Werkudara, Janaka, Nakula, Sadewa

Tuladha Bab Dasanama/ Sinonim:
Banyu: warih, toya, sindu, her
Putra : Tanaya, atmaja, suta lan sunu

Bab Cerkak:
Titikane cerkak:
·        temane  prasaja
·        paragane lumrahe  sithik
·        urutane carita luwih prasaja
·        ana piwulange

Menawa gawe judhul/ irah-irahan cerkak becike nganggo ukara sing cekak lan narik kawigaten
Menawa maca cerkak becike kudu nggatekake Wicara, wirama, wirasa lan wiraga

Bab Pranatacara
Pranatacara yaiku wong/paraga kang duwe jejibahan nglantarake sawijining acara
Dasanamane Pranatacara: MC, Pranata Adicara, Panata titilaksitaning acara, Pambiawara

Tuladha  kang becik nalika dadi MC yaiku:

  • Dhumateng Ibu Kepala Sekolah, wekdal kaaturake/ kasumanggaken
  • Ndungkap adicara salajengipun inggih menika .......(gumantung acarane)
Menawa arep atur pakurmatan, Pranatacara becike ngerti sapa wae sing rawuh ing sawijining acara.

Bab Sesorah:
Urutane sesorah: Pambuka, pamuji, isi, pangarep-arep, panutup
Wicara kang becik nalika sesorah yaiku kudu los-los, cetha teteg mantep, tegas lan cetha
Solah bawa/ patrap kang trep nalika sesorah becike tangane ngapurancang


Bab Budaya lan Tradisi ing Ngayogyakarta:
Madege Kraton Ngaoyogyakarta yaiku tahun 1682, menawa digawe sengkalan unine: Dwi Naga Rasa Tunggal
Grebeg utawa sekaten ing nagyogyakarta ditindakake ing wulan Mulud
Kabeh budaya utawa tradhisi ing ngayogyakarta kudu dilestarekake supaya bisa dijaga lan ora ilang

Bab Layang/ Surat:
Layang yaiku sambung gunem sarana tinulis
Layang kaperang dadi:
·        layang ulem/ undangan
·        layang kitir
·        layang dhawuh/ parentah
·        layang iber-iber/ pribadhi

Tegese unen-unen:
Ing ngarsa sung tuladha: pemimpin menawa ing garep kudu bisa dadi tuladha
Ing madya mangun karsa: pemimpin menawa ing tengah-tengah kudu bisa aweh panjurung penyengkuyung marang sing dipimpin
Tut wuri handayani: pemimpin sanajan ing mburi kudi bisa ngawat-awati saka kadohan

Bab Tembung:
Tembung saroja yaiku tembung kang padha tegese utawa meh padha tegese banjur dianggo bebarengan
Tuladha: babak bundhas, tumpuk undhung, abang mbranang
Tembung camboran yaiku tembung loro kang bedha tegese banjur dianggo bebarengan lan ngasilake tembung anyar duwe teges anyar.

Tuladha: naga sari, wayang kulit, semar mendem, bala pecah

Komentar

Postingan populer dari blog ini

LELEWANING BASA

RINGKASAN MATERI PPKN KELAS 9 BAB 6

ULANGAN HARIAN 1 B.JAWA 9