LELEWANING BASA
LELEWANING BASA/ GAYA BAHASA Gaya basa/Lelewaning basa ateges cara – carane manungsa migunakake basa, amrih gampang ditampa lan kepenak dirungokake. Kang kalebu gaya basa upamane: A. Asimilasi yaiku luluhing utawa sudaning pakecapan (garban = sandhi). Tuladha: 1. Jaya + ing = jayeng 2. Nara +pati = narpati B. Metafora yaiku unen – unen nganggo pepindhan (diupamakake). Tuladha: 1. R. Setyaki sapukuwating praja Dwarawati. 2. Rr. Sumi dadi kembanging desa Campuranom C. Alegori yaiku metafora kang ditulis nganggo ukara dawa banget. Tuladha: Gesangipun manungsa punika palwa upaminipun, dipun ombang –ambingaken alun ing samudra, katempuh ing sindhung Ali wawar. Yen boten wegig juru mudhinipun tuwin boten waspada, saged kelem pun baita utawa sumyur ing padhas karang. D. Personifikasi yaiku pepindhan janma Tuladha: 1. Sumpahe disekseni bumi langit. 2. Bengawan Solo lakune ngalor menggak – ...
Komentar
Posting Komentar