ULANGAN HARIAN 1 B.JAWA 9
ULANGAN HARIAN 1
Wenehana tandha ping (X) ana ing aksara a, b, c, utawa d tumrap wangsulan kang kok anggep bener!
Wacan 1
Marno mono umure lagi ngancik pat belas taun, sekolahe isih ana klas siji SMP Negri ing sakcedhake desane. Dheweke kuwi putrane Pak Dhukuh Paren ya Pak Saiman, priyayi sing kondhang sugih, becik atine, lan pinter momong rakyat ing padhukuhane. Eman, dene anake lanang sing mung semata wayang iku beda banget watake karo wong tuwane. Dhasar anake wong sugih mula sapenjaluke tansah keturutan. Yen Pak Saiman karo sing putri mono, ora seneng nguja bocah, panyuwune putrane dituruti janji penting lan migunani tumrap sekolahe
1. Kang dudu wewatakane Pak Saiman manut cuplikan cerkak ing dhuwur yaiku ……
a. Becik atine
b. Pinter momong rakyat
c. Nguja anake lanang
d. Nuruti panjaluke anak sauger migunanikanggo sekolahe
2. Pira putrane Pak Saiman manut pethikan cerkak ing ndhuwur?
a. Siji
b. Loro
c. Telu
d. akeh
Wacan 2
“Punika ngaten. Kala wau wonten ing jembatan penyeberangan ngajeng menika, piyambakipun dipunwastani nyopet arta. Dening tiyang-tiyang kathah lajeng dipungebugi ngantos kados ngaten. Keleresan kula sumerep, lajeng kula bekta wonten kantor polisi mriki kaliyan ngrantos ambulans”, ngendikane sawijining bapak polisi njlentrehake
3. Wong sing digebugi mau jalarane ….
a. nyopet dhuwit
b. kecopetan dhuwit
c. didakwa nyopet dhuwit
d. arep nyopet dhuwi
4. Pethikan crita ing ndhuwur njupuk setting .....
a. Jembatan penyeberangan
b. Mobil ambulans
c. Kantor pos
d. Kantor Polisi
5. Intisarine cuplikan cerkak ing dhuwur yaiku .....
a. Masarakat padha kulina main hakim
b. Copet kudu dibrastha
c. Polisi kudu paring pengayoman marang sapa wae
d. Yen ana ing jembatan penyeberangan kudu ngati-ati
6. Amanat kang kinandhut ing cerkak kena kanggo …
a. Tontonan lan tuntunan
b. Nambahi sesanggane (beban) urip
c. Kaca benggala(tuntunan) uripe manungsa
d. Mangerteni jati dhiri manungsa
7. Kang kalebu crita fiksi gancaran kaya ing ngisor iki, kajaba .....
a. Cerkak
b. Cerbung
c. Geguritan
d. Roman
Wacan 3
“Dinten Kartini menika rak kangge ngurmati Raden Ajeng Kartini, awit piyambakipun sampun maringi tuladha ingkang kedah dipuntindakaken putri Indonesia. Wanita Indonesia menika kedah sekolah lan sinau supados saged sababag kalih para priyanipun. Kamangka kebaya menika rak satunggaling simbol kekiranganipun wanita, kados ingkang dipunngendikakaken Ki dhalang, bilih wanita menika asring kesrimpet tapih kabotan pinjung.” Jlentrehe Palupi. (Kapethik saking cariyos cekak: Antarane Kartini lan Palupi)
8. Pethikan carita ing nduwur kasebut nuduhake perangan …..
a. Amanat lan irah-irahan
b. Tema lan setting
c. Tema lan watak
d. Setting lan paraga
9. Wose crita kasebut yaiku .....
a. Palupi sarujuk menawa mengeti dina Kartini
b. Palupi ora sarujuk karo pengetan dina Kartini
c. Palupi sarujuk menawa pengetan dina Kartini bocah putri padha nganggo kebaya lan jaritan
d. Palupi ora sarujuk manawa pengetan dina Kartini bocah putri padha nganggo kebaya lan jaritan
10. Kepriye manut panemune Palupi ngenani kebaya iku?
a. Kebaya pinangka simbol kaluwihane wanita
b. Kebaya pinangka simbol kasulistyaning wanita
c. Wanita kang nganggo kebaya tambah ayu lan luwes
d. Kebaya pinangka simbol kekurangane wanita
Wacan 4
Bu Marni : “Kepriye ndhuk, kowe gelem
ora?”
Dewi : “Kula jane boten radi cocog
Bu, nanging kula ajrih menawi
bapak duka.”
Bu Marni : “Ora cocog amarga apa
ndhuk? Apa merga bocahe wis
tuwa?”
Dewi :“Boten Bu, amargi kula
sampun gadhah pilihan.”
11. Pacelathon sing dirembug Bu Marni lan Dewi babagan ….
a. Dewi ora cocog karo pilihane wong tuwane
b. Bu Marni lan Dewi wedi karo bapake
c. Bapake Dewi seneng nesu
d. Bu Marni pengin rabi
Wacan 5
“Sabar Nit, sabarna atimu!” Galih ngarih-arih Nita
“Mas Tama wis katimbalan Gusti, Mas” wangsulane Nita
“Nit, kabeh wong urip iku yen wis tekan titi wancine, kabeh mesthi ngalami mati. Sebab mati kuwi wates pungkasaning urip. Klebu uga aku lan kowe, Dhik Tama sisihanmu lan kabeh titahing Gusti Allah, mesthi ngalami mati.”
12. Swasana kang diandharake nuduhake sedhih amarga ….
a. Nita kepaten Galih, garwane
b. Galih kepaten Tama, garwane
c. Nita kepaten Tama, garwane
d. Tama kepaten Nita, sisihane
Wacan 6
“Wis, Ndhuk rasah digetuni. Pancen wis garise awakmu ora bisa nerusake sekolah. Awake dhewe ora mung ndheweki, isih akeh bocah-bocah sing ora bisa sekolah merga ora nduwe ragad. Sekolah jaman saiki pancen larang. Ora mung ragad sekolah, kabeh rega-rega saiki padha mundhak nyekik wong-wong sing kesrakat kaya awake dhewe iki. Nanging, awake dhewe kudu tetep syukur isih bisa mangan, wong-wong sing padha manggon ana ngisor-ngisor kreteg, ana emper-emperan toko kae wis ora bisa sekolah uga anggone mangan kangelan.” Ngendikane ibu ngeyem-yemi aku.
13. Sing dudu wewatekane Ibu manut cerkak ing ndhuwur yaiku …
a. Tetep syukur mring Gusti
b. Aja nggresula
c. Nrima panduming Gusti
d. Nggetuni nasib sing dadi wong miskin
14. Ing ngisor iki titikane cerkak, kajaba ….
a. Asipat naratif
b. Nyritakake sawijining tokoh
c. Asipat fiktif
d. Asipat argumentative
15. Bab sing dadi inti pokok crita diarani ......
A. irah-irahan
B. tema
C. alur
D. konflik
16. Papan lan wektu dumadine crita ing cerkak diarani …
A. amanat
B. konflik
C. setting
D. paraga
17. Cerita fiksi kang nyritakake saka jaman saiki banjur konflik nganti entekan purnaning crita iku nggunakake alur …
a. Maju
b. Mundur
c. Campuran
d. Regresif
18. Sajrone praktek maca cerkak, ana bab kang kudu digatekake ing antarane wirasa, tegese ….
a. Ngucapake tembung kanthi cetha
b. Solah bawa trep karo naskah cerkak
c. Bisa mbedakake lan milahake siji-sijine tokoh lan swasana ing cerkak
d. Bisa nyuwarakake saben tokoh kanthi becik
19. Ulat madhep ati karep. Unen-unen iki nduweni teges... .
A. Duwe tekad sak tekane
B. Duwe tekad sing mantep
C. Duwe karep sing prasaja
D. Wong sing ora duwe kekarepan
20. Bab sing kudu digatekake nalika duwe gegayuhan yaiku kaya ngisor iki, kajaba... .
A. Percaya marang awake dhewe
B. Aja gampang nglokro
C. Sinau pengalaman marang wong sing wis kasil
D. Tuku buku ngelmu lan ketrampilan saakeh-akehe
SOAL URAIAN
1. Sebutna 3 titikane cerkak!
2. Apa kang diarani alur lan penokohan ing cerkak?
3. Sebutna cekakan seka apa 4W+1P iku!
4. Sebutna urutan kaping 1-3 menawa arep gawe cerkak
5. Ganepana ukara ing ngisor iki nganggo aksara jawa!
a. Bapak nembe ..........wonten semarang
b. Budhe

Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapus