LATIHAN PAS BAHASA JAWA KELAS IX

PETUNJUK KHUSUS
I. PILIHAN GANDA
Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi menehi tanda ping (X) ing aksara A, B, C utawa D minangka wangsulan kang bener !

Wacan 1 (kanggo mangsuli pitakon 1-4)
Esuk iki langite katon isih peteng, pedhute kandel banget, lan hawane uga adhem banget. Nanging, kuwi kabeh ora nyuda kekarepane Bu Umi kanggo dodol pohong menyang pasar. Sanadyan gaweyan iku abot, nanging Bu Umi ora tau nggresula. Bu Umi saiki mung urip karo putrane sing isih kelas I SMP. Bu Umi ditinggal bojone wis pitung taun suwene, amarga bojone Bu Umi duwe bojo liya. Kuwi uga dadi pawadan Ilham, putrane Bu Umi, luwih milih urip melu ibune
Bu Umi biyasane menyang pasar jam setengah lima esuk. Ilham saben dina ngrewangi ibune nggawa dagangan menyang pasar, amarga pohung sing digawa kira-kira setengah kwintal. Sawise ngeterake dagangan, Ilham bali menyang ngomah kanggo siyap-siyap mangkat sekolah. Ilham kalebu bocah sing pinter lan sregep, saengga Ilham bisa sekolah ning SMP sing mutune paling apik lan dadi sekolah unggulan ing kabupaten.
Dina iki dagangan Bu Umi lagi sepi, amarga lagi mangsa rendheng saengga akeh pohung sing kebanjiran lan dadi ora enak dipangan. Wektu iki Ilham lagi butuh bayaran kanggo tuku buku lan seragam anyar. Bu Umi mung bisa sabar ngadhepi kuwi kabeh mau lan ngupayakake golek gaweyan liya sing bisa disambi dodol pohung. Bu Umi wis siyap-siyap ngukuti dagangane amarga wis jam sanga esuk. Nanging, Bu Umi mandheg sedhela amarga ana bocah cilik sing nangis neng ngarepe. Bu Umi banjur nyedhaki bocah kuwi mau.
...
 (http://www.solopos.com/2013/02/14/cerkak)
1. Wose cerita (intisari cerita) paragraf kaping I (siji) saka pethikan cerkak ing dhuwur yaiku... .
        A. Bu Umi iku ibu kang duweni tanggung jawab gedhe lan ora tau nggresula
        B. Ilham putrane bu Umi tansah bekti marang ibune
        C. Bu Umi uripe ngrekasa amarga ditinggal bojone
        D. Bu Umi seneng amarga bisa urip kalo ilham

2. Andharan kang ora trep karo  paragraf kaping II (loro)  saka pethikan cerkak ing dhuwur yaiku...
       A. Ilham ngrewangi ibune saben mulih sekolah
       B. Bu Umi menyang pasar ing wayah esuk
       C. Ilham bocah kang pinter lan sregep
       D. Ilham sekolah ing SMP sing apik

3. Saka pethikan cerkak ing dhuwur bisa dimangerteni watake Bu Umi yaiku... .
       A. sabar
       B. sumeh
       C. grusa-grusu
       D. tansah bungah

4. Pitutur kang trep kanggo gambarake isine cerkak ing dhuwur yaiku... .
       A. sapa nandur bakale kojur
       B. sapa salah bakale seleh
       C. sapa sabar bakale subur
       D. gelema urip rekasa

5. Ing ngisor iki kalebu titikane cerkak kejaba... .
       A. paragane sethithik
       B. ora ana piwulange
       C. temane prasaja
       D. isine prasaja

6. Paraga antagonis yaiku... .
       A. paraga kang tansah sarujuk marang paraga utama
       B. paraga kang tansah sulaya marang paraga utama
       C. paraga kang nyenengake
       D. paraga duweni sipat becik

Wacan 2 kanggo mangsuli pitakon nomer 7

“Wis, Ndhuk rasah digetuni. Pancen wis garise awakmu ora bisa nerusake sekolah. Awake dhewe ora mung ndheweki, isih akeh bocah-bocah sing ora bisa sekolah merga ora nduwe ragad. Sekolah jaman saiki pancen larang. Ora mung ragad sekolah, kabeh rega-rega saiki padha mundhak nyekik wong-wong sing kesrakat kaya awake dhewe iki. Nanging, awake dhewe kudu tetep syukur isih bisa mangan, wong-wong sing padha manggon ana ngisor-ngisor kreteg, ana emper-emperan toko kae wis ora bisa sekolah uga anggone mangan kangelan.” Ngendikane ibu ngeyem-yemi aku.

7. Sing dudu wewatekane Ibu manut cerkak ing ndhuwur yaiku … .
        A. aja nggresula
        B. nrima panduming Gusti
        C. tetep syukur mring Gusti
        D. nggetuni nasib sing dadi wong miskin

8. Wong tuwa mau lunga karo mandeng sajak mangkel. Aku dheleg-dheleg gumun weruh kahanan mau. Eba kagetku, dakrungu ibune bocah-bocah nggugah aku, “Mas, tangi. Wis esuk.”.
Tembung dheleg-dheleg tegese… .
         A. mikir
         B. ngalamun
         C. jagongan
         D. ngalamun sinambi mikir

9. Pamilihing irah-irahan (judul) nalika gawe cerkak becike... .
A. dawa ukarane
B. cekak lan narik kawigaten
C. cekak lan nganggo basa krama
D. cekak  nganggo basa krama alus

Wacan 3  (kanggo mangsuli pitakon nomer 10-13)
………..Ora let suwe, paklikku mlebu ing ruang BK dikanthi karo pawongan loro lanang wadon banjur lungguh ana ing kursi kang wis cumepak.
“Mesthi Bu Tatik kang ngabari paklikku yen aku ana ing sekolahan.”Panggraitaku ing jero ati.
“Ana ngendi wae ta Tiff, seminggu iki?” pitakone paklik gawe cingak pawongan loro mau.
“Dadi iki Tiffani Saraswati, bocah kang dak titipke sliramu ta, dhik?” Pitakone wong wadon mau karo nyawang lan banjur arep ngekep aku. Nanging aku endha, rumangsa ora tepung karo dheweke.
“Apuranen wong tuwamu Tiff? Amarga kahanan ndadekake wong tuwamu kudu nitipake kowe marang paklikmu. Yen arep ngejak kowe menyang Jakarta durung cekel gawe. Mula bareng paklikmu kirim kabar yen kowe lunga saka ngomah lan sekolah, ibu lan bapak kagungan krenteg sawise lulus bakal dak boyong menyang Jakarta, dak sekolahake ana kana”.

10. Sapa wae paraga kang ana ing pethikan cerkak ing dhuwur ?
        A. Bulik, paklik, bapak, ibu, Bu Tatik
        B. Paklik, Pak Bon, ibu, Bu Tatik
        C. Pawongan, Tiffani, bapak
        D. Ibu, Tiffani, paklik

11. Latar saka pethikan cerkak Ing dhuwur  yaiku…..
        A. ruang BK
        B. omahe Tiffa
        C. ruang kelas
        D. kantin sekolah

12. Sudhut pandang kang digunakake  ana ing cerkak mau yaiku…..
        A. wong katelu
        B. wong kapisan
        C. wong kapapat
        D. wong  kapindho

13. Alur utawa plot kang digunakake ing cerkak mau yaiku…..
        A. maju
        B. mundur
        C. campuran
        D. maju – mundur

14. Sawijining budaya tradhisi Kraton Ngayogyakarta kanggo mengeti Maulid Nabi Muhammad SAW yaiku... .
       A. ngaben
       B. bekakak
       C. sekaten
       D. labuhan

15. Sejatine ancas utawa tujuwane nganakake upacara tradhisional ing sakiwa tengene tlatah Ngayogyakarta yaiku..... .
       A. mujudake rasa syukur awit pinaringan sih nugraha saka sing gawe urip
       B. mujudake rasa bungah saka sakabehing kasil kang wis dumadi
       C. minangka tandha seneng awit anggone panen tetanen akeh
       D. minangka tandha seneng awit dodolane laris

16. Pribadi iku tansah lembah manah, sabar, seneng biyantu tanggane lan ora tau nesu. Pribadi minangka paraga….
        A. antagonis
        B. tritagonis
        C. panengah
        D. protagonis

17. Budi Kinanti saiki dadi pengusaha wanita kang sukses, nalika cilik dheweke tansah prihatin anggone sekolah sinambi ngrewangi ibune bakul gorengan. Crita kasebut migunakake alur…..
        A. klimaks
        B. progresif
        C. mundur
        D. anti klimaks

18. Sing diarani alur mundur yaiku….
         A. lakuning crita tumapak saka wektu saiki terus nggambarake wektu kang bakal teka
         B. lakuning crita tumapak saka crita saiki terus lumaku nggambarake wektu biyen
         C. lakuning crita tumapak saya munggah
         D. lakuning crita tumapak saya mudhun

19. Tini tansah deksia marang adhine. Tini minangka paraga…..
        A. antagonis
        B. protagonis
        C. durjana
        D. statis

20. Nalika maca cerkak kudu nggatekake wicara kang tegese... .
        A. solah bawa utawa gerak sing luwes
        B. pangucaping suara ing tembung utawa ukara kudu bener
        C. anggone maca gunakake rasa lan nyinaoni wataking tokoh
        D. kudu nggatekake munggah-mudhun, alon cepete, uga seru lirihe swara

21. Nalika maca cerkak kudu nggatekake wirasa kang tegese... .
A. solah bawa utawa gerak sing luweh
B. pangucaping suara ing tembung utawa ukara kudu bener
C. anggone maca gunakake rasa lan nyinaoni wataking tokoh
D. kudu nggatekake munggah-mudhun, alon cepete, uga seru lirihe swara

22. Andre anggone maca cerkak apik. Obahe awak tansaya nambahi cetha surasane crita. Kaya mangkono iku tegese Andre nggatekake … .
A. Wiraga
B. wirama
C. wirasa
D. wicara

23. Paugeran nalika dhiskusi kaya  kasebut ing ngisor iki, kejaba... .
A. migunakake basa kang becik
B. ngajeni  panemune  wong liya
C. oleh medhot omongane wong liya
D. aja kepingin menang utawa ngalahake wong liya

24. Menawa ngandharake panemu nalika dhiskusi becike... .
A. ukarane sing dawa lan nrenyuhake
B. kanthi panemu sing nalar
C. swarane sero
D. bebas

25. Ing ngisor iki kang kalebu jenis tembang macapat yaiku…. .
A. gambuh, Balabak, Sinom,  Maskumambang
B. dhandhangggula, Kinanthi, Durma, Pangkur
C. asmaradana, Gambuh, Mijil, Jurudemung
D. pocung, Megatruh, Pangkur, Kidung



Tembang kanggo mangsuli pitakon nomer 26 - 29
Amenangi jaman edan,
ewuhaya ing pambudi,
melu edan nora tahan,
yen tan melu anglakoni,
boya kaduman melik,
kaliren wekasanipun,
dilalah kersa Allah,
begja-begjane kang lali,
luwih begja kang eling lawan waspada.

26. Tembang ing dhuwur kalebu tembang….
A. sinom
B. kinanthi
C. pangkur
D. maskumambang

27. Guru wilangan lan guru lagu tembang ing dhuwur yaiku… .
A. 8a,8i,8a,8i,7i,7a,8u,8i,12a
B. 8a,8i,8a,7i,8i,8u,7a,8i,12a
C. 8a,8i,8a,8i,7i,8u,7a,8i,12a
D. 8a,8i,8a,8i,7i,8u,7i,8a,12a

28. Kaliren wekasanipun. Tembung kaliren tegese… .
A. kewaregen
B. komanan
C. keluwen
D. kelemon

29. Isine tembang ing dhuwur yaiku….
A. Ing kahanan jaman edan, wong kang begja yaiku wong kang ora eling lawan waspada
B. Ing kahanan jaman edan, wong kang begja yaiku wong kang tansah eling lan ngati-ati
C. Ing kahanan jaman edan, wong kang begja yaiku wong kang melu ombyake jaman
D. Ing kahanan jaman edan, wong kang begja yaiku  wong kang ora tau kaliren

Tembang Dhandhanggula kanggo mangsuli pitakon 30-31

Lamun sira anggeguru kaki
Amiliha manungsa kang nyata
Ingkang becik martabate
Sarta kawruh ing khukum
Kang ngibadah lan kang wirangi
Sokur oleh wong tapa
Ingkang wus amungkul
Tan mikir pawehing liyan
Iku pantes sira guronana kaki
Sartane kawruhana

30. Guru wilangan lan guru lagu tembang dandhanggula ing dhuwur yaiku... .
A. 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
B. 10i, 10a, 8e, 7m, 9i, 7a, 6u, 8a,12i, 7a
C. 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6l, 8a,  12i, 7a
D. 10i, 10a, 8e, 7m, 9i, 7a, 6l, 8n, 12i, 7a



31. Tembang dhandhangula gatra kaping 9 lan 10 duweni teges... .
A. goleka guru kang seneng paweh marang liyan
B. wong kang pantes dituladha lan ora seneng donya
C. wong kang pantes didadekake guru lan ngelmune pantes koksinau
D. wong kang pantes didadekake guru lan ngelmune akeh kang disinau


Wacan 4 kanggo mangsuli pitakon nomer 32-33

Wis telung dina iki Astrit katon ora kaya biasane. Anak prawanku sing mbarep iku ngambeg, ora gelem omong, lan kerep ngebleng ing kamar. Wiwitane aku ora cubriya. Mbok menawa wae sikape iku merga masalah sepele. Biyen dheweke ya tau ngono kuwi, lan sawise tak takoni mung merga bijine ulangan matematika elek. Utawa merga ora garap PR banjur didukani gurune. Mulane aku ya ora age-age cubriya. Apa maneh kesibukanku minangka pengurus PKK ing lingkunganku, kang njalari aku kurang nggatekake dheweke.

32. Bab kang diceritakake saka pethikan cerkak ing dhuwur yaiku... .
A. nesu iku ora becik
B. Astrit kang lagi nesu
C. ibune Astrit lagi duka
D. aja wani marang wong tuwa

33. Irah-irahan kang trep kanggo pethikan cerkak ing dhuwur yaiku... .
A. sebel
B. cubriya
C. ngambeg
D. anak prawanku

34. Anggenipun maos cerkak ........ tiyang ingkang mireng
Tembung ingkang trep kagem jangkepi ceceg-ceceg ukara wau inggih punika... .
A. nyenengake
B. nyenangaken
C. ngremenaken
D. remenaken

35. Cerkak bisa dadi sarana piwulang kanggo sing maca
Ukara ing nginggil menawi dipun ewahi dados basa krama inggih punika... .
A. cerkak saget dadi sarana mulang kagem ingkang maca
B. cerkak saget dados sarana mucal kangge ingkang maos
C. cerkak saget dados sarana piwucal kanggo ingkang maos
D. cerkak saget dados sarana piwucal kagem ingkang maos

36. Tarno anggone gojegan keladuk ndadekake kancane cilaka nganti digawa ing puskesmas. Paribasan kang trep kanggo gambarake kahanan mau yaiku... .
A. nggepuk kemiri kopong
B. geguyon dadi tangisan
C. geni guntur nila bena
D. greget-greget suruh

37. Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah.
Paribasane punika tegesipun... .
A. tiyang ageng sami  pasulayan tiyang alit ingkang dados kurban
B. tiyang ageng ingkang deksia kalian tiyang alit
C. pasulayan ingkang nggegirisi
D. padudon ingkang ageng


38. Gelem kepenake nanging emoh rekasane. Bebasane yaiku... .
A. arep jamure emoh watange
B. angon ulat ngumbar tangan
C. aja cedhak kebo gupak
D. nabok nyilih tangan

39. ?a[yosen_mcce/kk¿,
Tulisan jawa ing dhuwur unine... .
A. ayo seneng gawe cerkak
B. ayo seneng maca cerkak
C. hayo senenga maca cerkak
D. ayo seneng macakake cerkak

40. Ukara kang trep kanggo gambar ing ngisor iki yaiku... .
A. ?sisWsisWpf[f[mo.
B. ?prsisWlgidisÑ|si.
C. ?knCkuzGrpÒ|gs¿,
D. ?disÑ|sikuwivebeli.


II. URAIAN
Pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi bener!
41. Sebutna 4 carane gawe cerkak sing becik !
42. Apa tegese perangane cerkak ing ngisor iki?
        a. Tema
        b. Alur
        c. Latar
        d. Amanat
43. Sebutna paribasane ukara ing ngisor iki:
        a. Pakulinan sing ora bisa ilang yen durung mati
        b. Saben panggonan duwe tatacara dhewe-dhewe
        c. Menawa nyambut gawe becike kanthi ekhlas tanpa duwe pamrih
        d. Tumindak ala lan becik bakal konangan
44. Ukara ing ngandhap punika dadosna basa krama:
        a. Aku dikongkon ibu menehke layang kanggo pak RT
        b. Mengko bengi aku arep mara ana ing omahe simbah
45. Tulisen nganggo aksara jawa:
        a. Dadi siswa kudu sregep sinau
        b. Tansah bekti marang wong tuwa lan guru

Komentar

Postingan populer dari blog ini

LELEWANING BASA

RINGKASAN MATERI PPKN KELAS 9 BAB 6

ULANGAN HARIAN 1 B.JAWA 9