ULANGAN HARIAN 1 Wenehana tandha ping (X) ana ing aksara a, b, c, utawa d tumrap wangsulan kang kok anggep bener! Wacan 1 Marno mono umure lagi ngancik pat belas taun, sekolahe isih ana klas siji SMP Negri ing sakcedhake desane. Dheweke kuwi putrane Pak Dhukuh Paren ya Pak Saiman, priyayi sing kondhang sugih, becik atine, lan pinter momong rakyat ing padhukuhane. Eman, dene anake lanang sing mung semata wayang iku beda banget watake karo wong tuwane. Dhasar anake wong sugih mula sapenjaluke tansah keturutan. Yen Pak Saiman karo sing putri mono, ora seneng nguja bocah, panyuwune putrane dituruti janji penting lan migunani tumrap sekolahe 1. Kang dudu wewatakane Pak Saiman manut cuplikan cerkak ing dhuwur yaiku …… a. Becik atine b. Pinter momong rakyat c. Nguja anake lanang d. Nuruti panjaluke anak sauger migunanikanggo sekolahe 2. Pira putrane Pak Saiman manut pethikan cerkak ing ndhuwur? a. Siji b. Loro c. Telu d. akeh W...