Ngilo githoke dhewe

Ngilo menika ateges ngaca, githok menika saperangan badan jangga sisih wingking. Ngilo panggenan githok kadosipun mokhal, awit dospundi anggenipun badhe ngilo githok menika mapanipun wonten sisih wingking. Ananging mboten mekaten ingkang dipun kajengaken "ngilo githoke dhewe" ateges ngaca dateng tumindak ingkang sampun dipun lampahi awakipun piyambak. Ampun remen nyacad tumindakipun tiyang sanes menawi tumindakipun mboten benten menapa malih langkung awon kalian tiyang ingkang dipun cacad.
Sampun dados sipatipun manungsa ingkang gampil kapilut remen ngudhari wadining sanes. Menapa malih remen menawi tiyang sanes kesrakat. Manungsa ingkang gadhai sipat mekaten mboten saget dipun tuladha. Tumindakipun tansah kaglibeng pambujukipun syetan boten preduli kaliyan tiyang sanes. Manungsa ingkang gadhahi sipat mekaten ateges manungsa ingkang boten saget "ngilo githoke dhewe".
Tetembungan sanes magayutan kalian unen-unen nginggil inggih menika "tepa salira". Tepa salira menika wigatos sanget kagem manungsa amargi wujud patrap ingkang nedahaken raos welas asih dateng tiyag sanes saget dipun tindakaken kanthi nindakaken tepa salira. Micara dhumateng tiyang sanes kedah ngatos-atos, sakderengipun kawedal saking tutuk kedah dipun penggalih, dipun raos ing manah kinten-kinten saget natoni liyan menapa mboten. Langkung prayogi mendel menawi micara nanging dadosaken tatu tiyang sanes.



Komentar

Postingan populer dari blog ini

LELEWANING BASA

RINGKASAN MATERI PPKN KELAS 9 BAB 6

ULANGAN HARIAN 1 B.JAWA 9