LELEWANING BASA
LELEWANING BASA/ GAYA BAHASA
Gaya
basa/Lelewaning basa ateges cara – carane manungsa migunakake basa, amrih
gampang ditampa lan kepenak dirungokake.
Kang
kalebu gaya basa upamane:
A. Asimilasi yaiku luluhing utawa
sudaning pakecapan (garban = sandhi).
Tuladha:
1. Jaya + ing = jayeng
2. Nara +pati = narpati
B. Metafora yaiku unen – unen nganggo
pepindhan (diupamakake).
Tuladha:
1. R. Setyaki sapukuwating praja
Dwarawati.
2. Rr. Sumi dadi kembanging desa
Campuranom
C. Alegori yaiku metafora kang
ditulis nganggo ukara dawa banget.
Tuladha:
Gesangipun
manungsa punika palwa upaminipun, dipun ombang –ambingaken alun ing samudra,
katempuh ing sindhung Ali wawar. Yen boten wegig juru mudhinipun tuwin boten
waspada, saged kelem pun baita utawa sumyur ing padhas karang.
D. Personifikasi yaiku pepindhan
janma
Tuladha:
1. Sumpahe disekseni bumi langit.
2. Bengawan Solo lakune ngalor
menggak – menggok nrajang gunung Kendheng.
3. Gunung Merapi yen gelem watuk
nggegirisi.
E. Metonimia yaiku lira – lirune
jeneng.
Tuladha:
1. Le, aku tukokna gudang garam.
2. Wingi ana Ramayana tubrukan karo
Arjuna
3. Apik Nasional tinimbang Sanyo
F. Hiperbola yaiku pepindhan sing
kliwat utawa kaladuk.
Tuladha:
1. Swarane kaya bledheg.
2. Surake kaya mbelah – mbelahna
bumi.
3. Lakune kaya kilat.
G. Euphesisme yaiku unen – unen sing
surasane luwih alus (basa rinengga).
Tuldaha:
1. Mati = murud ing kasedan jati =
tilar donya
2. Dadi manten = nambut silaning
akrami.
3. Semaput = lali ing purwa duksina
H. Ironi yaiku unen – unen sing
nyaritakake kosok balen pinangka kanggo ngece.
Tuladha:
1. Bocah iki pintere ora jamak,
mangsa 4 X 4 bae ora bisa.
2. Sregep temen jam wolu lagi tengi.
I. Anomatope yaiku tembung kang
mratelakake jeneng metu saka uni utawa swarane.
Tuladha:
1. Bedhug saka swara dhug – dhug.
2. Emprit saka swara prit – prit.
3. Kenthongan saka swara thong -
thong
J. Metatesis yaiku lira – liruning
panggonaning aksara ing tembung.
Tuladha:
1. Arca = reca
2. Ardi = redi
3. Almari = lemari
4. Raksasa = rasaksa
K. Epentesis yaiku muwuhi aksara
sajroning tembung.
Tuladha:
1. Amarta = ngamarta
2. Sikandhi = srikandhi
Mugi manfaat kagem para siswa...aamiin.
Sangat bermanfaat, terimakasih pak waho👍
BalasHapusMenambah ilmu pak.. terimakasih 😀
BalasHapusSangat membantu
BalasHapusMatur nuwun
BalasHapusMatur nuwun
BalasHapusMATUR NUWUN
BalasHapus